Awal 2023, Polres Ponorogo Bareng Inkait Terus Promosikan Vaksinasi Covid 19
PONOROGO, jelajah warta- Ono ing awal tahun 2023 Polres Ponorogo terus mempromosikan Vaksinasi Covid 19 dosis 1, 2 dan Booster. Wektu iki, Vaksinasi ditindakake ing Kecamatan Ngrayun lan Kecamatan Kauman, Sabtu (14/01/2023).
Kapolres Ponorogo AKBP Catur C. Wibowo, S.I.K., M.H. ujare, sajrone nindakake percepatan implementasi vaksinasi Covid 19 pihake kerja sama karo jajaran TNI lan Dinas Kesehatan.
Wektu iki tim vaksinasi saka Nakkes Polres lan Puskesmas setempat.
Dene target vaksinasi yaiku masyarakat umum, lokasine ana ing kecamatan Kauman lan Ngrayun,” ujare AKBP Catur.
Saka asil implementasi Vaksinasi kasebut, AKBP Catur nerangake, ing Kecamatan Kauman ana 63 jiwa lan ing Kecamatan Ngrayun 466 jiwa.
“Dadi gunggunge warga sing divaksinasi dina iki ana 529 wong,” jlentrehe
AKBP Catur ngajab kanthi percepatan vaksinasi iki, kabeh warga Ponorogo nduweni antibodi kang kuwat, saengga kebal marang virus kasebut.
"Saiki virus isih ana, muga-muga kanthi cepet vaksinasi iki, kabeh warga Ponorogo duwe antibodi supaya kebal karo virus Corona," pungkase
